11/05/2014

Lunturing Kapribaden Tumraping Kawula mudha

Solah bawa iku pinangka pangejawantahing kapribaden. Mula apa wae kang katindakake dening salah sawijining pawongan iku tuwuh saka jeroning ati. Mula yen ati iku resik tur tinata kang tuwuh ing solah bawa ya tumindak kang tansah nengsemake, suwalike yen ati mau kebak ing angkara mula kang tuwuh ya tumindak kang tansah gawe rekasaning liyan.
Apa wae kang bisa gawe warnane kapribaden?
Wiwit cilik, bocah iku tansah cedhak karo wong tuwane mula panggulawenthah utawa pendhidhikan saka wong tuwa iku kang bisa ndhasari wujude kapribaden. Sakbanjure pengaruh saka kanca-kancane sesrawungan ing saben dinane. Sanadyan wong tuwa wis ngati-ati anggone ndhidhik putrane nanging yen srawung karo kanca sing kurang ngerti marang kapribaden kang apik, mula dadine bocah ya ora duwe unggah-ungguh.
Kajaba iku yen kita kersa naliti tayangan ing televisi, mligine kang ditujukake marang kawula mudha (generasi muda), isih ngemu adegan kang kurang pantes mungguhing kapribaden kita, tuladhane adegan sing jongkrok-jongkrokan, nyawuri tepung (wedhak) menyang wajahe wong liya nganti klilipen, nggrujugi banyu marang kancane nganti trindhil, Apa kuwi jenenge ora gawe sangsarane wong liya? Kang kaya mangkene ini suwe-suwe ditiru karo bocah-bocah ing sekolahan.
Ing sekolahan pendhidhikan mung nengenake wasise kognitif wae, guru mulang murid-muride mung arupa soal-soal anggo ngadhepi Ujian Nasional njur kurang nggatekake marang pendhidhikan kapribaden, malah wis ketambahan ada-ada HAM. Bocah sekolah yen tumandak kurang becik disrengeni gurune banjur wadul marang wong tuwane, temahe wong tuwane ora trima nglabrak menyang sekolahan kamangka apa kang diwadulake bocah marang wong tuwane durung mensthi pada karo kasunyatan.
Terus kita pinangka wong tuwa kang duwe kuwajiban ndadani kapribaden kang wus kadhung bubrah iki kepriye kudune?