6/29/2013

Titah tanpa daya tanpa Kawelasaning Gusti

 
 dening Supriyoko
Ing saben-saben kita jumangkah
kapan wae, ing ngendi wae
tan krasa manawa karana kawelasaning Gusti Kang Maha Kawasa
Coba kita graita
ambegan kang kita unjal, kaping pira saben menit?
njur pirang liter saumpama tinaker?
njur pira, saumpama tinumbas arta?
Pancen kabeh mau tan rinasa dening manungsa
nanging bakal bisa ngrasakake yen kawelasan iku kasuda.
Kanggo conto, wong kang lagi lara seseg utawa ampeg
bisa krasa longgar ambegane yen dibantu oksigen tabung
Coba kita etung, saben menit butuh pirang liter?
njur pira arta kang kudu metu kanggo prabeya?
Mula saka iku
apa wis pantes manawa kita ora sujud syukur ngabekti mring Kang Maha Kawasa?