3/18/2013

Gurit - Dalan Pilihan



DALAN PILIHAN
Dening Ibu Sunami

Yen dalan iki kang kok pilih
Tatanen atimu, kencengno tekadmu
Sangua kagunan lan kawegigan
Awit dalan iki rumpil kaya wot ogal-agil
Akeh dhemit, akeh buta cakil kang jail.

Kang kok sandhang pancen ora kena kok graying
Kang kok gendhong pancen dudu emas barleyan sagenthong
Among pusaka kuna saka galihe kayu jati

Aja sambat yen kena eri,
Aja wedi yen ana gerenge kang jaga wana
Panas udan, ngelak ngelih aja njelih
Nadyan akeh who-wohan kang gumandhul ing pinggir marga
Aja kok gepok, aja kok senggol awit iku who isi wisa

Yen dalan iki kang kok pilih,
Pancen kudu sangu ati putih
Tekadmu kudu waja, getihmu kudu abang mbranang

Ing pucuke marga kana ana rembulan tanpa mega
Gilar-gilar binarung swara ngrangin tembang dhandhang gula
“Dadya dwija, jibahan kang utami, aja nganti sembrana”