3/18/2013

Gurit - Sandhal Jepit



SANDHAL JEPIT
Dening Ibu Sunami

Sandhal jepit
Yen dienggo jethat-jethit
Saka karet, dudu kulit

Ora tengen kabeh, ora kiwa kabeh
Mesthi kiwa tengen
Sing kiwa madhep nengen
Sing tengen madhep ngiwa

Ora padha warnane, lucu
Ora padha ukurane, ora penak dienggo mlaku
Dipasangne sandhal kayu, wagu, digeguyu

Dipasangne sandhal apik, dadi elek
Dipasangne sandhal elek, saya elek
Dipasangne sandhal larang, ora imbang

Sapa sing masangne?
Sing Nyipta

Dadi sandhal jepit sing digawe saka karet kae bisa awet
Ra gampang kepleset
Nganti trepes, penyet

Pancen karo Sing Nyipta wis dipasangne

Sandhal jepit sing regane ra sepira
Prasaja
Dienggo sapa wae kena
Dienggo nyang endi wae bisa
Angger bahane padha
Ukurane padha

Sing tengen kudu gelem karo sing kiwa
Sing kiwa aja nganti ngiwa
Urip pancen kudu nrima
Lan aja sembrana